Contoh Teks Esposisi Bahasa Jawa Terbaru

Posted on

Contoh Teks Esposisi Bahasa Jawa Terbaru – Wacana eksposisi yaiku salah sawijining jenis wacana sing bisa mbudidaya ngandharake pokok pikiran sing tujuanne njembarake wawasan utawa kanggo nambah informasi lan jelasake pangerten wong sing kang maca. Tujuan wacana eksposisi adate digunakak kanggo mbabar kaweruh utawa ilmu, definisi, pengerten, cak-cakan sawijining kegiatan, metode, cara lan proses dumadi sawijining kekadeyan utawa bab.

Carane nulis wacana eksposisi yaiku kaping pisan nemtokake underane utawa tema perkara sing arep ditulis. Kaping pindo nemtokake tujuwan kang nulis wacana eksposisi. Kaping telu ngumpulake data saka maneka sumber, nyusun cengkorongan utawa kerangka sing cocok karo underan sing dipilih. Ngembangake cengkorongan dadi wacana eksposisi sing wutuh. Ana jenis-jenising wacana eksposisi yaiku eksposisi definisi, klasifikasi, ilustrasi, perbandingan, proses, laporan, lan liya-liyane.

Contoh 1 :

Jenis Gamelan lan Manfaatipun

Ing tanah Jawa gamelan yaitu gamelan ageng lan sakabeh piranti gamelan digunakake kanggo nyawisake ganding-gending. Gunane kanggo iringan musik utawa genting ing sawijining pementasan, umpamane wayang becik, wayag lulang, wayang wong, ketoprak, tari-tarian adat lan liya-liyane. Ana rupa-rupa gamelan kang digunakake saben ana acara utawa pementasan.

Gamelan jawa kanggo ngiringi penyajian gending ing jero pementasan karawitan, bisa dipupyran dumadi pirang-pirang repetoar yaiku : soran utawa gending-gending ingkang volume tabuhan sing atos. Kekabeh perangkat gamelan ditabuh kajaba suling, gender, gambang, siter lan rebab. Swaraning gamelan jenis iki dicawisake karo tempo tanggung, seseg lan antal. Jenis lirihan, padha karo jenenge, penyajian gending iki luwih lembut utawa alon-alon. Kekabeh instrumen ditabuh, nanging sing luwih diutamakake yaiku gender, gambang, rebab, siter lan suling. Ana dene karawitan lirihan bisa dipupuran meneh saka rizikan sing dikanggoake, antarane yaikut gadon, nyamleng, siteran, genderan, lan liya-liyane.

Ana uga gamelan sing kang digunakake dumadi piranti upacara adat yaiku gamelan ageng. Ana jenise maneh yaiku gamelan sekati lan gamelan nunggang. Gamelan segati sing nduweni Kanjeng Kyayi Gunturmadu lan Kanjeng Kyai Guntursari. Biyasane ditabuh ing jero perayaan uatawa acara sekaten yaiku dianakake pas tanggal 5 Mulud nganti 12 Mulud kanggi ngelingi weton lan wafatipun Nabi Muhammad SAW. Naning gamelan jenis iki uga kanggo acara nyambut dhayoh agung, supitan lan teteasan putra utawa putri Sultan lan sakarsa dalem. Instrumen utawa piranti kan ana ing jero gamelan sekati yaiku 2 gong ageng, 1 bedug, 1 kempyang, 1 saron demung, 2 sarong ricik, 2 sarong peking, 1 sampur lan 1 bonang. Gamelan nunggang yaiku gamelan sing nduweni telu nada. Gamelan iki nduweni awak saka 4 racakan isine teli bonang gedhe, 1 kenong japan, 2 bende, 1 pasang lojeh, 1 kendang gending, 1 kendang penuntung lan loro gong. Pada karo gamelan segati, gamelan nunggang kanggo nyambut adegan Sultan, ngiring dhayoh agung, supitan, tetesan, manti, rempog macan, grebegan lan liya-liya sekarsa dalem.

Gamelan sing biyasane digunakake ing tanah Jawa nduweni akeh jenis lan cara nabuh yaiku ana sing volume keras lan ono sing lembut. Jenis-jenising gamelan ana akeh, saka piranti apa bae sing kang ditabuh lan piranti sing diutamakake ditabuh. Ana gamelan kanggo pementasan lan kanggo upacara adat, mergo kuwi kula lan panjenengan kudu ngerti jenis, jeneng piranti gamelan lan manfaatipun gamelan kanggo ngelestariake budaya jawa.

[sc:ads]

Contoh 2 :

Sejarah Wayang Wong

Wayang uwong utawa wayang wong menika salah satunggalipun jenis pementasan tradisonal ing Jawa. Wanag wong menika gabungan saking seni drama ingkang ngerembaka ing negeri Eropa kaliyan seni pengelaran wayang ingkang ngerembaka ing tanah Jawa utawa pulo Jawa. Utaminipun wayang wong ngerembaka ing kraton kanggo hiburan golongan priyayi utawa bangsawan. Wong kang mainake wayang wong uga ngagem pakaian ingkang sami kaliyan hiasan-hiasan ingkang diagem wayang kulit.

Miturut penuturan lan data saking dinas pariwisata Kotamadya Dati II Surakarta, wayang wong ana utawa lair ing abad XVIII. Diciptaken menika Mangkunegara I ingkang kadosipun dipunilhami saking seni drama saking negeri kilen utawa Eropa. Wiwitan pementasan wayang wing dipungelar ing Surakarta lajeng dipungelar ing Yogyakarta. Wekdal ing sasu April 1868 yaiku Mangkunegara IV ngawontenaken acara khitan putranipun. Ingkang taun 1899, Pakubuwana X mbangun taman Sriwedari wonteng ing peresmianipun ngawontenaken pagelaran keseniang wayang wong. Kang ditonton kaliyan warga sekitar.

Pagelaran seni tradisional wayang wong ingkang pementasan eksklusif, namung digelar kangge bangsawan ing keraton. Nangung, ing taun 1902 wayang wong ngerembaka urip lan kanggo tontonan warga umum lan komersial kanthi nyade karcis. Wayang wong kang komersil ngerembaka lan puncakipun nalika wonteng pekempalan “Ngesti Pandowo” ingkang dipunpandegani dening Sastrosabdo. Abad XVIII ingkang dipunpandegani dening Mangkunegera I, wekdal punika ingkang dipungelar namung lakon-lakoninpun wayang purwa. Sasampunipun menika pagelaran seni tradisional wayang wong wiwit boten subur maneh ing Surakarta. Ananing teng Yogyakarta taksih wonten pagelaran wayang wong ngantos taun 1881. Kanthi pembiyantunipun Mangkunegara V, wayang wong ngerembaka maling nanging taksih winetes ing daerah Yogyakarta lan Surakarta kemawon.

Saking sejarah seni pementasan tradisonal wayang wong sing sampun ana kanthi zaman mbiyen. Mbiyen namung bangsawan lan keraton kemawon kang saget mirsani pementasan wayang wong. Nanging zaman saiki, kabeh wong saget mirsani pemetasan wayang wong. Justru wayang wong kudu dipirsani lan dilestariake kanggo budaya asli Indonesia lan tanah Jawa. Sebab iku kita sedaya kudune terus mbudayakake budaya adat lan utaminipu wayang wong sing mbiyen boten subur supaya sakniki saget subur maneh pementasanipun.

Sumber :
https://belajarbahasajawa2013.wordpress.com/2013/12/11/wacan-eksposisi/
http://www.miftup.xyz/2015/06/teks-eksposisi-bahsa-jawa-pagelaran.html
http://ceritawayangbahasajawa.blogspot.com/2015/08/contoh-artikel-bahasa-jawa-tentang-gamelan.html

Baca Juga:

Definisi, Contoh Teks Eksposisi, Ciri-Ciri dan Strukturnya
Perbedaan Teks Eksposisi dan Eksplanasi Lengkap
Contoh Teks Eksplanasi Kompleks Terbaru

Leave a Reply