40 Contoh Pantun Nasehat Bahasa Jawa

Posted on

40 Contoh Pantun Nasehat Bahasa Jawa – Pantun nasehat bahasa jawa adalah pantun yang berisi wejangan, pesan baik, perintah ataupun larangan untuk orang lain. Pantun dalam bahasa jawa juga disebut parikan, berisi pesan-pesan kehidupan. Pesan yang disampaikan sesuai kenyataan dalam kehidupan sehari-hari juga pesan nasehat untuk kehidupan dimasa depan. Pantun bahasa jawa atau parikan digunakan sebagai sarana hiburan juga penyampaian pesan kepada pendengar. Agar pendengan lebih mudah memahami isi dari pantun yang tersusun dengan kata-kata pilihan dan indah. Jenis pantun nasehat bahasa jawa berisi nasehat kehidupan, nasehat pendidikan, cita-cita, percintaan, dan sebagainya.

Contoh :

Pantun Nasehat 10 Bait

Sasi iki wayahe wong poso
Poso iku wajib udu budaya
Urip ing dunyo kudu rekoso
Ben iso nguripi keluargo sedaya

Masak kolak isi waluh
Waluh saka alas tuwo
Dadi bocah ojo lumuh
Ayo konco ngewani wong tuwo

Ojo kakehan gawe polah
Mengko koyo anak wedhus
Aturan kanggo cah sekolah
Tangi turu ndang gage adus

Maling iku aja ditiru
Wani maling wayah panen
Ayo gage mapan turu
Sesuk sekolah ndak kawanen

Potong rambut jenenge cukur
Model anyal kaya jambul singa
Ayo sedulur pada sing akur
Gotong royong ngewangi tangga

Goreng tempe nyumet geni
Tempe kanggo suguh manten
Wong tuwo kudu diajeni
Dadi bocah sing pangerten

Gunung Merapi Gunung Galunggung
Endah pemandanganne saben dino
Mumpung urip ojo mung binggung
Perintahe Gusti Allah ndang lakonono

Ketemu konco ndek esuk mau
Koncoku kui sifate gigih
Bocah sekolah kudu sregep sinau
Endah pinter lan dadi wong sugih

Soko Solo menyang Palur
Mlaku ning dalan marai ireng
Karo konco dadio sedulur
Seneng susah ditanggung bareng

Rupa raimu kok lagi bureg
Mau ketemu konco jenenge Mizi
Yen mangan ojo waton wareg
Mangan panganan sing akeh gizi

Pantun Nasehat 8 Bait

Sinau nulis karo maca
Lagi nggambar macan tutul
Aja seneng padhu karo kanca
Yen iso akur kui betul

Panen pari nganggo ani-ani
Dadi tani nyambi kuli
Bocah nakal mesthi didukani
Mirengake aja diwangsuli

Kewan lutung ketemu boyo
Si lutung ngasi uwis kanji
Poro sedulurku kito sedoyo
Ayo padha sregep ngaji

Dadi wong ojo mung gumun
Nyambut gawe ben iso koyo ngono
Ijek urip ojo mung ngelamun
Limang wektu ndang lakonono

Tepung garut jenenge pati
Pati dimasak suk pas poso
Urip iki kudu ngati-ati
Ojo nambah-nambahi doso

Tuku sajadah tuku klambi koko
Tukune ning daerah Cibubur
Sopo wonge laku durhoko
Mengko di sikso ing jero kubur

Santen iku kelopo parut
Marut kelopo ora nganggo geni
Dadi anak kudu sing nurut
Karo wong tuwo aja ngwaneni

Dunyo iki duwene Gusti
Nganggo klambi lengenne bolong
Ngolek rezeki sing ati-ati
Ora pareng senenge nyolong


Bagi Sobat yang mencari aplikasi bermanfaat, kami sarankan untuk mencoba mengakses situs malavida.co.id untuk download aplikasi sepuasnya secara gratis di sana.

Pantun Nasehat 10 Bait

Manuk tilang manuk srikiti
Ing dhuwur wit ana iguana
Dadi wong sing setiti
Ora jajan sing ora guna

Mangan sate warung “Lumayan”
Mangan karo adhik Zahran
Bapak ibu urip ing bebrayan
Kudu turut karo aturan

Kembang mawar kembang kantil
Kembang dilarung tengah segoro
Dadi uwong kok seneng ngutil
Uring ing dunyo bakal sengsoro

Kembang kantil ngarep dupa
Kanggo sembahyang Kulon Progo
Ora sugih ora papa
Sing penting kumpul karo keluargo

[sc:ads]

Dandhang gulo tembang sinom
Nembang ngasi wayah magrib
Mumpung iseh wong enom
Kerjo becik nggo sangu urip

Mangan iwak diolah babat
Nembang lagu judule pangkur
Kowe aja kakehan sambat
Akehi ibadah lan syukur

Dino minggu wayahe lungga
Lunggo menyang candi ratuboko
Sopan santun karo tangga
Supaya ora dadi anak durhako

Makani pithik, pithik walik
Anak bebek diarani piyik
Diajar becik saka cilik
Mbesuk gede dadi wong apik

Numpak sepur ditarik jib
Semilir angin ngasi turu
Sregep sinau kui wajib
Ora didukani ibu guru

Wit gedhang with mahoni
Wit-witan subur cedhak wit pakel
Ojo mung ngomong ning dilakoni
Ngomong gampang ngelakoni angel

Pantun Nasehat 7 Bait

Wit lombok cedak wit pandan
Iki wit-witanne jare wong mlarat
Zaman iki zamanne edan
Akeh uwong ra eling akherat

Ketemu konco sing lagi nagih
Manuk dara manuk bangau
Wong berhasil mesti sugih
Amargo mbiyen sregep sinau

Kolak seger camur kolang kaling
Tambah seger dicampur sirup
Nek berhasil lan sugih kudu eling
Eling karo sing gawe urip

Menyang dukun pasang susuk
Dukun lahir pas jumat kliwon
Bocah prawan tangi sing esuk
Gage mbantu ibu ning pawon

Numpak sepur jurusan Suroboyo
Ora iso turu cedhak wong lemu
Kudu sregep ing makaryo
Kanggo uripi anak bojomu

Esuk-esuk mangan bubur
Bubur dipangan karo kue cucur
Urip kuwi kudu jujur
Supoyo mbesuk dadi mujur

Seneng mangan awakke lemu
Zaman mbiyen pas iseh kuru
Dadi bocah wis seneng ngilmu
Mbesuk gede dadio guru

Mangkat sekolah njaluk sangu
Sangu ditompo tangan kiwo
Omongan wong tuwo kudu digugu
Supoyo oleh restu wong tuwo

Pantun 5 Bait 6 Baris

Sawah ditanduri pari gogo
Nandur pari siji-siji
Ben payu mundhakake rego
Ning dunyo eling suwargo
Rino wengi gaweane ngaji
Ben iso mlebu suwargo

Ditinggal simbah podho tangisan
Simbah lunggo wis mesthi
Yo mesthi tangsah kelangan
Urip iki mung sepisan
Akehi perintahe marang Gusti
Ojo nganti mengko kegelan

Menyang pasar jenenge nigasan
Tuku lawuh rempela ati
Amargo anak podho ngarani
Urip ing dunyo mung sepisan
Kudu tansah sing ati-ati
Karo kanca aja ngelarani

Ana meja ning cedhak kursi
Aja seneng ngalamun bae
Koyo uwong lagi rekoso
Zaman saiki akeh korupsi
Mending dadi wong cilik wae
Urip makmur ra tanggung doso

Mie ayam tuku Pak Naryo
Mie dituku ora dipangan
Amargo ora ana lombok ijo
Bocah jaka sing sregep makaryo
Supaya iso nduwe celengan
Kanggo urip nek wis mbojo

Baca Juga: